BANGSAHEBAT.COM - (Suasana sore di teras rumah Pak Lurah. Sutini sedang main HP sambil duduk di bangku panjang. Bu Ngatini menyuguhkan teh. Pak Lurah datang dari sawah sambil mengelap keringat.)
Pak Lurah Waguyo:
Nduk, nduk... kuwi leher apa antena? Ditekuk terus kaya sinyal golek jaringan...
Sutini:
(angkat kepala pelan)
Heheh... maaf Pakde, tadi lagi liat TikTok. Ada video lucu banget!
Pak Lurah:
Lha yo lucu ora masalah, nduk. Tapi nek pas ana wong tuwo lewat, minimal yo senyum, nunduk, sapa... Iki kok malah kaya ora ono wong.
Bu Ngatini:
Wagu, pelan wae ngomonge...
Sutini ki lho anak apik, mung kudu luwih peka. Wong tuwo ki seneng nek disapa, disenyumi. Rasane dihargai.
Sutini:
Lho, aku sapa kok Budhe... tapi ya kadang ndak merhatiin. Kadang ngguyu dewe sama video, jadi ndak fokus...
Pak Lurah:
Kebiasaan nduk, kebiasaan! Nek ora dilatih sopan santun saka saiki, suwe-suwe bisa ilang karepmu ngajeni wong tuwo.
Neng desa ki, senyum karo nyapa ki bagian saka budaya lho!
Sutini:
Iya Pakde... aku ngerti kok maksudnya. Aku bakal belajar, janji!
(sambil nyimpan HP dan duduk tegak)
Bu Ngatini:
Nah ngono lho, cah ayu. Wong sopan ki ora ndadak, kudu dibiasakke. Wong sopan ki gawe adem ati. Lha nek ketemu kowe terus mesem, iso-iso wong sak RT semangat kabeh!
Pak Lurah:
Sing penting, neng...
“Ngajeni wong liya kuwi tandha yen awake dhewe wis ngajeni awake dhewe.”
Sak sederhana kuwi, tapi kuate iso ngubah desa.
Sutini:
Maturnuwun Pakde... Budhe... aku mau nyoba mulai saka hal kecil. Sapaan, senyuman, terus ora nyolot nek ngobrol.
Pak Lurah:
Nah, kui sing tak karepke. Ojo nganti anak jaman saiki mung pinter ngetik, tapi lali ngajeni.
0Komentar